Sejarah Desa

WARTO 30 April 2014 17:20:39 WIB

BERIKUT ADALAH SEJARAH SINGKAT ADEGING DESA BENDUNGAN

“Sura dira jayaningrat, lebur dening pangastuti”

(Ranggawarsita, 1802-1873).

 

Kabudayan tenun sejatosipun sampun wonten ing tlatah pradesan kala semanten sawatawis tahun 5.000 saderengipun Masehi. Asal usulipun miturut sejarah bilih kabudayan tenun punika saking tlatah Mesopotamia lan tlatah Mesir (https://text-id.123dok.com/document/1y9dp13jq-sejarah-pertenunan-landasan-teori.html). Ananging dereng saged pun pesthekaken menggah kabudayan punika warsa pinten mlebet wonten ing bumi nuswantara Indonesia. Wonten ingkang ngendikakaken bilih kabudayan nenun punika ngrembaka wiwit zaman Neolithikum, kabukten kathah sanget desain utawi lorek ornamental saking model monumental zaman Neolithikum. Ugi wonten ingkang ngendikakaken bilih kala zaman Neolithikum niku piyantun-piyantun jaman semanten taksih ngginakaken sandhangan saking bahan kulit kajeng utawi kulit kewan.

Kain dipun damel wiwitanipun namung kangge nutupi lan njagi badan saking peribahan cuaca, sae punika saking panas utawi saking toya. Saking pemanggih punika lajeng tuwuh pemanggih damel lembaran saking bahan-bahan ingkang dumugi samenika dipun sebat kain.

Saking cariyos punika wonten gandheng cenengipun kaliyan sejarah adeging Desa Bendungan. Rikala semanten sawetawis pungkasan abad 15 Masehi wonten salah sawijining tlatah ingkang rumiyin kasebad ‘nDesa’ ingkang piyantunipun taksih sekedhik, wonten lepen ingkang mili toyanipun. Miturut cariyos lepen punika kala rumiyin taksih nyambung kaliyan Banyu Mata utawi Pindul, ugi nyambung kaliyan lepen wonten ing tlatah Sokoliman Bejiharjo. Lepen punika miturut cariyos ugi taksih nyambung kaliyan lepen ingkang wonten ing tlatah Wiladeg, amargi miturut pakar sejarah saking Dewan Kebudayaan Kabupaten Gunungkidul mbah Rahmad Sutekad, bilih lepen punika ilinipun liwat sisih ler ingkang wonten wewujudan selo kados sapi. Menawi dipun telusur panci leres bilih sakidulipun lepen wonten ing tlatah Padhukuhan Kentheng Desa Wiladeg wonten wewujudan patung kados dene kewan, ananging warga masarakat ing mriku mastani menawi punika wewujudan bantheng sanes sapi. Boten perkawis punika wewujudan patung sapi utawi bantheng ananging menawi pun gathukaken kaliyan pangandikanipun para sesepuh saestu wonten leresipun.

Gesang wonten ing jaman semanten piyantun kakung putri ingkang sesilih Kyai Redjo Winangun lan Nyai Redjo Winangun ingkang mapan wonten ing sak pinggiring lepen punika. Karana mrihatosaken kawontenan warga anggenipun nyenyandhang utawi ngadi busana namung ngginakaken kulit kayu utawi kulit kewan, Kyai Redjo Winangun lan Nyai Redjo Winangun menggalih kepingin damel kain murih saged murakabi dhateng warga satemah anggenipun ngadi busana langkung sampurna.

Kulit-kulit kayu ingkang asring dipun ginakaken warga dipun pendhet klarasipun utawi seratipun lajeng dipun anam mawi tangan satemah dados lembaran-lembaran. Menawi ngagem  cara punika mbetahaken wekdal ingkang dangu sanget, pramila Kyai Redjo Winangun saha Nyai Redjo Winangun damel sawetawis piranti kangge nganam serat-serat kayu punika mawi kayu-kayu ingkang cumawis wonten ing sak kiwa tengenipun. Kanthi piranti tenun punika anggenipun damel kain saget langkung cepet.

Nalika nedheng-nedhengipun nyambut damel nenun, karana jinis tenunipun arupi Gedhokan, badanipun Nyai Redjo Winangun dipun rut-rut ngagem tali piranti punika lan saperanganipun dipun cencang kaliyan cagak utawi wit-witan satemah rekaos menawi badhe pindhah-pindhah. Dumadakan wonten sawijining piyantun ingkang nembe mlampah-mlampah wonten sapinggiring lepen mampir wonten ing griyanipun Nyai Redjo Winangun saperlu nyuwun toya amargi rumaos salid. Wongsal-wangsul anggenipun nembung dipun jawab menawi boten wonten toya. Sejatosipun mboten karana mboten wonten toya, ananging amargi repotipun Nyai Redjo Winangun ingkang badanipun kebak tali satemah mboten saged ngladosi panyuwunan piyantun kala wau. Kaleres ugi Kyai Redjo Winangun nembe medal pados kulit kayu kangge bahan damel serat tenun punika.

Rumaos kagol karana panyuwunanipun boten kasembadan, piyantun kala wau lajeng duka lan paring pangandikan “Dijaluki banyu ora menehi, titenono kali iki bakal tak bendung. Boten dangu pangucap kala wau medal saking piyantun wau dumadakan lepen ingkang sewau toyanipun mili lajeng mandheg ngantos asat dumugi samenika.

Amargi rumaos nglampahi kalepatan ingkang nyebabaken ilining toya lepen mandheg amargi dipun bendung, Kyai Redjo Winangun kaliyan Nyai Redjo Winangun rumaos getun sanget. Wonten ing sangandhaping uwit sambi kekalihipun semedi nyenyuwun dhumateng ingkang Maha Kuwaos supados wekdal salajengipun ingkang nglenggahi tlatah punika tetep saged pikantuk toya sinaosa mboten wonten ilining toya ing lepen.

Lajeng kangge nebus raos lepat punika kekalihipun semedi ngantos dumugi mokswanipun wonten ing sak ngandhaping wit sambi punika. Kangge pangemut-emut menggah cikal bakaling Desa Bendungan ingkang mokswa wonten ing sangandhaping wit sambi kala wau, saben dinten Jum’at Legi taksih wonten saperangan warga ingkang kirim sesaji ugi ngawontenaken upacara bersik utawi reresik wonten ing ngandhap uwit sambi kalawau kangge paring pakurmatan dhumateng Kyai Redjo Winangun lan Nyai Redjo Winangun pinangka cikal bakaling Desa Bendungan lan nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos supados sedaya khajatipun, tansah dipun tebihaken saking sedaya rubeda nir ing sambekala. Awit saking lepen ingkang dipun bendung toyanipun kala wau dipun dadosaken sebatan nami tlatah Desa Bendungan.

Tenun ingkang dados pakulinanipun Nyai Redjo Winangun tetep dipun lajengaken anak turunipun ugi dening piyantun sanes ingkang sumebar ing saindenging tlatah Desa Bendungan. Kabukten tilaran piranti tenun taksih dipun panggihaken wonten ing tlatah padhukuhan Watudalang, malah miturut pangandikanipun para sesepuh, bilih pakulinan tenun punika taksih mlampah sae dumugi antawisipun warsa 1950.

Foto : Petilasan cikal bakal Dumadining Desa Bendungan

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Terjemah

Lokasi Bendungan

tampilkan dalam peta lebih besar